TEMBANG
Tembang iku kalebu golongane basa kang pinathok, kaiket ing wewaton werna-warna, yaiku :
Cacahing gatra saben sapada
Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra
Guru wilangan yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra
Tembang jawa iku limrahe kapilah dadi 3 golongan, yaiku :
Tembang macapat
Bapak Pucung rupamu saengga gunung = 12u
Tan ana kang tresna = 6a
Saben uwong mesthi sengit = 8i
Yen kanggonan den elus-lus tinangisan = 12a
Tembang tengahan
Tembang tengahan iku satemene uga tembang macapat nanging wis ora kasuwur.
Tuladha :
1. Jurudemung (7 gatra) 3. Balabak (6 gatra)
2. Wirangrong (6 gatra) 4. Girisa (8 gatra)
Tembang gedhe
Tembang gedhe ing jaman saiki iku satemene niru tembang gedhe kuna kang diarani kakawin, yaiku satemene ing wewaton :
KASUSASTRAAN
1. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku runtute swara sing ngarep lan sing buri. (saka tembung : purwa = wiwitan, ngarep ; kanthi = karo)
Purwakanthi ana telung warna :
• Purwakanthi swara : yaiku purwakanthi kang wewaton rujukipun swara.
Kayata : desa mawa cara. Negara mawa tata
Ana dina ana sega
Ana awan ana pangan
• Purwakanthi sastra : Yaiku prwakanthi kang wewaton rujuking sastra ( aksara)
kayata : tata titi tatas tetes
sluman slumun slamet
ketula-tula katali
• Purwakanthi lumaksita : yaiku purwakanhi kang wewaton runtute tembung pungkasane gatra karo tembung cedhake.
Kayata : bayem arda, ardaning wong sanagara
Urip iku ora angel, angele ginawa dhewe
Sing ala bakal ketara, ketarane neng solah bawa
2. Panyandra lan Panyendhu
Panyandra yaiku unen-unen kang gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kaanan kadhapur pepindhan.
Tuladha :
Alise nanggal sepisan irunge ngundhup mlathi
Drijine mucuk eri pakulitane ngulit langsep
Panyendhu yaiku unen-unen kang gumathok ora ngemu surasa pepindhan. Kanggo nelakake rasa ora seneng ing ati babagan awak, solah bawa.
Tuladha :
Bathuke nonong irunge pesek
Mripate kero rambute gimbal
3. Parikan
Yaiku unen-unen cacahe rong gatra. Gatra kapisan minangka parikane, dene gatra kang kapindho minangka isine. Guru lagu ing pungkasane gatra pocape padha. Dene aturane utawa syarat-syarate gawe parikan yaiku saben gatra dipedhot 4-4, 4-8, 8-8.
Tuladha :
4 wanda + 4 wanda x2
Waajik klethik. gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
4 wanda + 8 wanda x2
Kembabg menur, tinandur pinggiring sumur
Subur makmur, tuwuh kang sarwa tinandur
8 wanda + 8 wanda x2
Omah gendheng saponana, nata watu jejer sanga
Abot ebtheng lakonana, golek ilmu nganti purna
4. Cangriman
Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dubatang karepe. Cangkriman ana telung golongan :
a. Cangriman kang awujud tembung wancahan (cekakan)
Pak bo letus = tepak kebo lelene satus
Le mau ndut, yu mae rong = lele omahe lendut, yuyu omahe rong
b. Cangriman kang awujud pepindhan
Sega sakepel dirubung laler = salak
Pitik walik saba kebon = nanas
c. Cangriman kang ngemu surasa plesedan.
Wong adol pitik disrimpungi = sing disrimpungi iku pitike, dudu wonge.
Wong adol krambil dikepruki = sing dikepruki iku krambile, dudu wonge.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar